top of page

HAPPY ASMARA

WES TATAS

Layangan sing tatas 

Tondo tresno ku wis pungkas 

Mabur duwur ngalang-alang  

Yen nibo dadi kenangan  


Kowe sing tak eman-eman 

Ninggalke roso kelaran 

Opo iki wes takdire 

Aku ikhlas aku pasrah 

Wes tak ngalah..


Tak Eleng-eleng 

mbiyen tau ngomong opo

Arep ngancani aku tekan 

pungkase umurku  


Nanging saikine 

kowe ninggal janjine 

Ibarat banyu mili  

wes tekan segoro  


Cubo dadi aku kuat po atimu 

Mesti kowe sambat ora kuat 

Aku uwes ora pengen lara 

Atiku wes tenang 

Wes tak anggep ilang  


Reff :  

Layangan sing tatas 

Tondo tresno ku wis pungkas 

Mabur duwur ngalang-alang  

Yen nibo dadi kenangan

  

Kowe sing tak eman-eman 

Ninggalke roso kelaran 

Opo iki wes takdire 

Aku ikhlas aku pasrah 

Wes tak ngalah..

HP Music
PT Harmoni Dwiselaras Perkasa © 2019

HP Music
Ruko Harco Mangga Dua Blok J No. 30
Jakarta 10730, Indonesia

hello@hpmusic.id
+62 21 612 2474

bottom of page